Senin, 20 September 2010

Lucu bTur Saru

Suluh kuwe tekan siki esih tetep kanggo nggawe walopun pemerentah wis nganakna konversi minyak tanah meng gas, tapi masyarakat pedesaan ya esih tetep bae akeh sing migunakaken suluh lewih lewih nek lagi nduwei gawe mbuh nggo slametan apa mbarang nggawe alias hajatan

Winginane pas nggone kaki Kodir mbarang nggawe nyepiti anak lanange uga ngganggo suluh, mulane ngantek ana kejadian sing lucu tapi ya mandan saru.

Nek wong njawa kan esih nganggo prinsip bebrayan, dadi seumpamane tanggane nduweni perlu ( mbarang nggawe ) ya tangga tanggane pada rewang. Pas kaki kodir mbarang nggawe nini Jaemah tanggane melu rewang, lha deweke kebagenan dadi padang ( tukang liwet) sing manggone mesthi neng sanding pawon.

Jenenge be rewang mesthine ya nganggo sandangane sing mandan petha, nini Jaemah nganggo rok sing dawa, saking landunge nek mlaku roke be ngantek kangsrah lemah.

Wis dadi kebiasaane wong wedon neng endi-endi nek pethuk ya mesthi bae ngecebrek pada dopokan ngrasani wong liya, wong nini jaemah maning ora patut wong tau diaruih wong kon aja seneng ngrasani eleke wong liya malah semaur ''lha kon priwe? Pa enggane ngrasani cemendil wedus? Ya nganah kowe bae nek doyan'' mbok kasus nek kaya kuwe carane.

Wong genah-genah liwet be nganggo suluh malah nini Jaemah ketungkul dopokan bae karo nini Giyem trus nini Sikem, dadi klalen sulueh ora di segok-segok ( disurung lebokna pawon) sidane genine mulap-mulap, nini jaemah ndopok bae ora krasa lamona roke sing kangsrah lemah kesumed.

'' Yuu yuu kuwe roke rika murup.'' Nini sikem nyidokna.

''Aduh..tulung tulung''

Nini Jaemah panik mlayu mentu mengarepan, tamu sing agi pada mangan karo jagongan ya sidane pada ngadeg ngrubung, dadi ra nggenah butueh.

Giran (putune) sing lagi rewang teka langsung nulungi, jenenge be keadaan darurat ora mikir werna-werna penting ninine kuwe slamet, langsung bae disebrot roke. Lha mbok kasus kuwe, nini-nini enggane cawetan thok di rubung wong pirang pirang, ngisin-ngisinaken banget butueh.

Bojone nini Jaemah sing lagi leyeh-leyeh nengumah krungu, melu bae gisus penasaran ''anu ana apa rame-rame jane'' mbatine kaki Supin, jane kaki Supin kuwe anu mung sarungan thok tapi berhubung penasaran mlayu bae mereki.

''Ana apa yah Ran rame temen?'' kaki Supin takon meng putune.

Oalah jan rika deng sarungan thok? Wis siraeh gundul kaya kuwe, sarungan thok maning, kaya maling bae luh''.

''Set, bocah mbajug rengan, ditakoni malah madha''.

''Kae ninine cawetan thok,miki roke kobar, kuwe sarunge ngeneh ki nggo nutupi ninine.''

''Anu, e, anu kae Ran..'' Kaki supin ngomong karo bingung.

''Jann..ana anu ana anu apa jane? Kesuwen ngeneh''

Giran nyebrot sarunge kakine, genah ditakoni kesuwen sih, dadi ora sranta.

''Huseeet !! Rika lelewane, deng malah gobal-gabel ki?''

''Oooooo, digilmu wong nyong kathokan ora malah, Putu saru rengan.''

''NGomong ya ki..''

Lha priwe arep ngomong, masa iya neng ramean ngomong nek ra kathokan. Sidane kaki Supin mlayu nuju umaeh, ra ngurusi sarung sing kadung dilorod putune.

Wong sing ana neng kono pada nguyu lata-lata, ndeleng kaki Supin sing mlayu, siraeh gundul kaya thuyul kawak sing ora kathokan.

Sidik nurohim

Opera Sabun dulit

Kiye ceritane Kaki Sudrun agi ning Pasar Pon, arep belanja mbako. Soale persediaan mbako minggu wingi uwis entong. Kaya biasane, saurunge mangkat Kaki Sudrun mesthi dandan, bebed sarung goyor Pekalongan, pasangane klambi batik lengen dawa warna coklat lemah. Sirahe dipasangi songkok. Ora ketinggalan sandal capit sing uwis bolong ning bagian tungkake. Pokoke angger uwis dandan kaya kuwe, Pak Karno bae esih kalah ngganthenge.

“Rumangsamu Druuun… Drun” inyong gedheg gedheg endhas ndeleng polahe Kaki Sudrun sing tambah pethakilan ora nggenah.

“Gyeh Plun, angger arep crita kari crita baen, ora usah milu-milu” Kaki Sudrun njawab karo nyingcingena sarunge nganti tekan sandhuwure dhengkul. Bar udan sadawaning wengi. Dadi Mandan cebrik dalan ning kios Pasar Pon, apa maning ning nggon sing biasa dinggo dodolan wedhus.

“Drun, kiye kan nyong sing agi crita, lah critane rika maring Pasar Pon kan arep tuku mbako, deneng malah klayaban maring nggon dodolan wedhus, jal?!” inyong protes.

“Lah ya salahe kowe Plun, ora bisa ngerem” pancen ngeyelan kaki kaki sing siji kiye.

Ya uwis, siki maring bakul mbako.

Kaki Sudrun mlaku kedimik kedimik alon alon nggoleti bakul mbako sing nggone dhasar dodolane ning sebelah kidul, Mandan edek maring dalan aspal.

“Kaki Sudrun, kiye ning kene mbakone!” bakul mbakone ngundang Kaki Sudrun sing agi clingukan, karo mbenerna songkok sing menceng.

“Rika waras mbok?” bakul mbakone takon maning

“Alhamdulillah, pangestune” Kaki Sudrun njawab, terus ndoprok ning ngarep dodolan. Matane plirak plirik milih mbako sing kira kirane cocok karo kepenginane.

“Arep mbako sing model keprimen kuwe Ki?”

“Ya sing enak tur murah!” sakenane bae nggone njawab, karo mlirik Kaki Kanthong sing ana ning sebelahe.

“Drun, ora usah kakehen sengek, kuwe nggone rembugan tuku mbako sing mandan cepet ngapa lah, nyong agi ora kepenak ngawak koh. Males nulis kedawan!” nyong milu ngomong.

“Iya Plun. Santai kaya di pantai sih ngapa lah” jawabe Kaki Sudrun mblengeri. Karo nglinting.

“Iya jan Kaki Sudrun, rika ana duwit pira jane Ki? Arep kukud kiye. Wis awan!” bakule ngomong karo ngetung bathen.

“Sepuluh ewu, tapi nyong tuku rega mang ngewu bae. Jujulane arep nggo tuku srotone Sartu” Kaki Sudrun njukut dompet sing bahane sekang anyaman godhong pandhan, “Nyah kiye, mang ngewu bae ya!” lanjute nggenahna maring bakule.

Duwite detampani daning bakule, terus sibuk mbungkus mbako sing kwalitas nomer loro maring plastik.

“Deneng semending temen kiye mbakone?!” Kaki Sudrun mrengut karo nampani bungkusan mbako sajujule.

“Lah, kuwe ya uwis tek imbuhi koh Ki” jawabe bakule karo mberesi dagangane.

“Apa temenan mbako enak kiye?”

“Enak kuwe Ki, sing paling jos pokoke lah”

“Pinter temen rika bakul, ya nyah kiye jujulane nggo tuku sisan bae lah, nyong ora sida nyroto. Mending kencot timbang ora udud” Kaki Sudrun nyengir.

“Drun, rika jan kebangeten banget, kwalat mengko!” nyong tambah ora tahan nyawang polaeh Kaki Sudrun.

“Kwalat primen Plun?”

“Pokoke arep tek gawe njengking rika!”

Butul nang ngumah, Kaki Sudrun weruh Ninine lagi masak ning dapur. Kringete katon rengosan.

“Ni, nyong bali” Kaki Sudrun mlaku maring dapur. Njagong ning kursi mangan, “Ni, rika wong agi masak apa agi tinju sih, deneng kringete rengosan?”

“Lah, rika maning Ki. Ya agi masak kiye, masak jamur lember kesenengane rika” Nini Sudrun njawab, “Srotone Sartu olih mbok?”

Kaki Sudrun bingung. Kemutan pesenane ninine. Kudune mau jujulan sing limang ewu kuwe nggo tuku sroto, tapi uwis kadung dinggo tuku mbako kabeh gara-gara rega limang ewu kur olih mbako semending.

“A… anu, rega mbako siki mundhak Ni, dadi duwite nggo tuku mbako kabeh” Kaki Sudrun njawab karo clithutan.

“Apa?!” Nini Sudrun kaget kaya bar krungu gludhug.

“Iya Ni, sumpah lah. Jal nganah takon karo bakule nek ora percaya”

“Bakule wis bali!” Nini Sudrun tambah kesuh, “Byanganane! Pokoke mulai siki, rika ora bakal tek nggawekna sambel ikih!” Nini Sudrun ngomong maning karo ngentas jangan jamur lember sing uwis mateng. Dewadaih piring sing bahane sekang wesi seng, terus desogna ning meja ngarepe Kaki Sudrun.

“Kari mangan kuwe, terus mangkat ngalas nganah. Mbedhegel rasane weruh rika Ki”

“Lah sambele mendi?!” Kaki Sudrun clingak clinguk.

“Ora ana sroto, ora ana sambel pokoke!” tambah dhuwur baen suarane Nini Sudrun.

“Rika tah ora bener kuwe. Ora adil. Wis deomong rega mbako mundhak…”

“Ora urus!”

“Sambele mendi?” Kaki Sudrun takon maning.

“Bodoa, pokoke ora ana jatah sambel mulai siki!”

“Jan, nyong agep nangis kiye Ni angger ora ana sambel temenan”

“Ya temenan, nangis kari nangis ngonoh. Ora urus!”

Krungu Nini Sudrun ngomong kaya kuwe, Kaki Sudrun mlayu maring dalan ngarep umah. Glungsaran, nggejol nggejol ning dalan karo nangis nggerung nggerung. Dandanan sing jere paling necis siki wis ora karuan. Sarung goyor sing maune klimis, siki wis ucul kepancal sikile Kaki Sudrun dhewek.

Tanggane sing pada krungu suara nangise Kaki Sudrun siki pada ngrubung. Sibuk ngeneng-ngenengi. Ana sing nggawa permen, ana sing nggawa beneman budin, ana uga sing nggawa godhogan angkrik.

Tapi dhasare Kaki Sudrun angger uwis duwe kekarepan: “Pokoke oraaa, nyong kepengin sambel gaweane Nini Sudruuuunnn” jawabe Kaki Sudrun karo nangis ngangseg-ngangseg.

Nini Sudrun sing weruh bojone agi nggo rubungan tanggane dadi ora tega. Tangane sibuk uthak athik nggawe sambel, terus mlayu marani Kaki Sudrun sing esih glungsaran ning dalan ngarep umah.

“Kae sambele uwis tek nggawekna, kari depangan nganah. Aja nangis ning dalan, isin!”

“Temenan Ni?” raine Kaki Sudrun katon sumringah.

“Ya temanan, kae wis tek siapna ning meja”

Kaki Sudrun menyat. Detuntun Nini Sudrun mlebu maring ngumah, terus labas maring njero, maring nggon sing biasa nggo mangan bareng.

Sega ning cething, jangan jamur lember sapiring, lan tempe limang iris degoreng garing. Ora ketinggalan sambel sing mbene degawe Nini Sudrun saciri munthuk.

Debayang-bayangna, Nini Sudrun pancen bojo sing paling eman. Wis digawe elek daning Kaki Sudrun bae ya esih gelem nggawekna sambel.

“Nyah, kari mangan ya Ki, sing akeh. Men rosa nggone macul!” Nini Sudrun ngomong karo ngewehna sega salawuhe ning piring maring Kaki Sudrun.

“Iya Ni, matur nuwun ya. Rika jan pancen bojo sing paling ayu” Kaki sudrun cengar cengir ora ngrasa salah.

Kaki Sudrun nggone mangan katon enak banget. Jamur lember, tempe sing de goreng wuda (maksude ora desogi glepung) karo sambel pancen menu kesenengane Kaki Sudrun kawit cilik.

Ora nganti limang menit bae sega karo lawuhe wis meh entong. Cirine ya wis meh klimis.

“Enak mbok Ki sambele?” Nini Sudrun takon.

“Enak Ni, tapi deneng rasane Mandan-mandan pait yang, ana sepet-sepete mbarang” Kaki Sudrun mulai sadar, rasa sambele ana sing ora beres. Cangkeme ngumpluk.

Angger Kaki Sudrun ngomong, sekang cangkeme metu plembungan sing gedhene werna-werna. Ana sing sa-dir, ana sing sa-bal kasti. Wetenge juga mulai krasa mules ora karuan. Nini Sudrun kur cengar-cengir weruh keadaane Kaki Sudrun.

“Ni, kiye sambele… deneng…?” Kaki Sudrun ora kuat nerusna omongane.

“Sambele primen Ki?” Nini Sudrun ethok-ethok ora ngerti.

“Sambele deneng rasane suwe-suwe ora nggenah. Ana pedes, ana pait, ana sepet. Wetengku juga dadi mules banget kiye jajamara!” Kaki Sudrun nyekeli wetenge.

“Hahaha, kapok rika Ki. Kawuus… kuwe sambele mau anu tek campuri sabun dulit, karo awu sing nggo ngasah-asahi piring. Hahaha… “ Nini Sudrun malah ngguyu kepingkel-pingkel.

Uwis ceritane yang sedulur, kiye nyong agep ngeterna Kaki Sudrun maring puskesmas disit. Mbokan temenan modar, sapa ngerti esih kena nggo bahan cerita maning kapan-kapan. Sekalian nyong juga pengin priksan. Mandan ora penak ngawak sithik.

Uwis ya.

Klanuuunnn…

KR, September 2010.

Slamet Hidayat Wikarto

Sabtu, 11 September 2010

Dina kang Padang Kanggo Jiwa-jiwa sing Sepi

Munggaih undak-undakan kang ditata ngastiti
kiwe tengene tanduran pinus lan jati
duwur malur-malur nanging tetep nganggo ukur
aweh pengiyuban sedawane dalan
sekang srengenge sing ngawe-awe karo panas lan silone

Suket ijo royo-royo nambaih eloke rupa
nduwur godong banyu bun meling-meling durung garing
ketambahan kembang abang jambon kuning
gemah ripah nyemburna indah
nyempurnakna megah kuasane Ingkang Agung

Lelakon manungsa ora adoh kang dosa
dewekan apa loroan tanggungane ora pada
pengeling-eling utawa penggoda lumrah gawan sing duwe pasangan
mula kudu ati-ati aja ngasi kebandrangan

Tembe sepertelu ulihku mlaku
alon-alon jekelan waton
klakon ra klakon urusane Sing Kuasa
wong urip tugase mung dedonga lan usaha

Sekang keyip-keyip mripat sipit
seduwure kadohan kerlip-kerlip abang mbranang
panggonan sing diarepna kabeh pasangan
bisa aweh pepadange ngati
padang dening penguripan uga pernawangan

nanging sikil iki wis ra kuat niti
nerusna munggah ra nana sing nanting
mudun pun bisa tiba kebanting

apik mendingan mandeg
nonton gegodongan, suket-suket, lan kembang-kembang pada nari
dibatiri manuk-manuk, kodok, kan jangkrik bebarengan nembang Maskumambang




(For all lonely soul. May God fill every minute of our days with joy and happiness.. Amin

Minggu, 08 Agustus 2010

Mendem kecubung

Pas kae sore-sore nyong diprentah nyangan kacang brul kone ninine.Kacang sing arep disangan kue warnane kaya wis mateng,coklat tuwa. Dadine tek cicipi siji. Elah dalah malah tesih mentah. Rasane ya anu getir ora nggenah. Terusen tek ledekna. Bar kuwe nyonge ngikik dewek kemuatan kedadean mbien jaman esih cilik.

Dong SMP nyong nduwe kanca dolan sebrayan wedon kabeh. Nek siki ya arene geng mbokan. Se-geng bocah pitu karo nyong. Esih se-dusun dadi umaeh ora let adoh. Nyong, Yulis, Nur umaeh gonggoman kulon. Dian, Ari, Tiwi segrombol bagean tengah. Lha Susi nyingsal belah wetan dewekan.

Saben sore bali sekolah uwis langganan kumpul nanggone Dian. Biasane nonton pilem india bareng, lutisan, masak-masakan, utawa rujakan. Nek arep ngrujak bebek ndadak kiter disit njaluk pace, jambu ceplis, apa pakel meng tanggane. Dasare kabeh criwis pinter ngenyis ya anu pesti ulieh nang sing duwe umah. Terus bumbune urunan.Ana sing bagean nggawa lombok, gula jawa, trasi, bawang, kemiri, lenga jawa, gula pasir nggo pranti masak-masakan kue. Biasane pada nyolong nang bedangane biyunge.

Nang sewijine dina ana sing sejen. Bocah pitu kumpul nanggone Yulis sing umaeh let seumah tok mbi nyong. Nu rama biyunge yulis lagi ora nangumah sih dadi yulis kon tunggu umah. Nangkono ora nana sing bisa dilakokna kejaba ndopok, ngenyis, ndlepus, ndabrul, karo ngguyu lakak-lakak.

Amarga nang njero sumuk,bocahan ngaseng mentu njaba. Nang tritikan mburitan pada nglekor nang lemah mung didasari sandale dewek-dewek.
Susi ijig-ijig ndengar weruh wiji ireng sing gedene sejempol sikil.
"Kae sih apa yul?"
"Kae sing dijenengi wiji kecubung. Enak tulih. Tapi ora kena mangan akeh-akeh." Yulis sing duwe umah nidokna meng batir-batir liyane.

Nu bocah mondol kabeh ya tembe ngerti rupa kecubung. Ujar-ujare kit mbien kecubung kue jenengan kewan.
Dasare jiwa ngglasak tur rai badogan,krungu panganan enak ya langsung nggragas. Sidane kabeh menyat nggoleti genter nggo nyogrok. Wite duwure kira-kira patang meter. Gentere be dipelalaih nyelang nggone tanggane.
Kebeneran bocah pitu duwure rampag.Dian sing paling enom tapine awake paling jéger dewek kebagean kon nyogrok. Ndengar-ndengar ngasekan gulune cengeng malah kur tiba telu. Sidane digepyok segodong-godonge ben pada ambrol.
Mbarang ulih akeh, kabeh nyekel wiji siji-siji, diceti bareng, dipangan bareng. Eh,pancene enak. Rasane kaya ketapang utawa wiji mete.

Terusen ana biyunge nur teka.Weruh bocah-bocah ora ketang anake be melu mangani kecubung,wong kue ya wis ora ina ngelingna nek panganan kue mendemi.
Nur, Yulis, Susi mandeg ora mangan maning. Tapine bar biyunge Nur lunga, nyong,Tiwi,Ari,Dian nglanjutna mangan lewihane sing esih akeh. Tanggung nek ora dipangan eman-eman.

"Masa mangan kaya kie mendem? Apa ana setane gelem ngrasuki?" nyong nyemlong karo ngeplok wiji sing isine putih. Ujarku sing dijenengi mendem kue ya mong_deng_mong_thiitt - mong_deng_mong_burr kaya ebeg lagi mendem. Dadine ya tek pikir ora mungkin blass. Gumune batirku bocah telu kue ya meneng bae mangan bae.
Mbarang uwis ntek gari pada bali meng umaeh dewek-dewek.
Nangumah nyong ijig-ijig wetenge lara. Dela-dela muntah-muntah karo meng mburi baen,anu mencret. Rama biyungku bingung. Nakoni ngangapa ngantekan kaya kue. Tapine nah nyong urung sadar nek kie gara-gara mangan kecubung ya melu bingung. Sidane bar maghrib priksa meng mantri dusun sebelah. Nangkana mantrine njedek nek penyakit kue gara-gara keracunan. Pas kue nembe sadar nek nyong keracunan wiji kecubung. Owalah...berartine kie sing dijenengi mendem? Tapine tek batin tok nang ati,ora wani crita mbok domaih.

Ngesuke se-dusun geger ngerti brita kie, utamane gonggoman tengah. Soale Ari waleh meng biyunge. Terus biyunge kue kanda-kanda meng tanggane. Sidane ya gutul kupinge ramane Dian karo biyunge Tiwi.
Laaahh..uwis marem kena semprot kabeh. Nyong umaeh belah kulon mandan aman ora ketang mung sedela. Sorene mbasa biyungku ngerti ya tetep ora keri melu domaih.
"Bocah koh ora gelem ngomong nek tes mangan kecubung. Ngertia kaya kue tulih ora perlu dipriksakna!!"
Nyong ngrasa salah ya meneng bae.

Totoan Makan Tuan

Cerita ini adalah kenyataan yg difiktifkan. Jika ada kemiripan nama, tempat, maupun kejadian,itu adalah faktor kesengajaan. XixixixixXx...

Sodik, bujang umur wolulas taun sing umaeh nang Pesanggrahan, kecamatan Kroya. Mbuh amarga sok pinter apa dasare gemagus nyong ra reti, Sodik ora gelem sekolah nang sekolahan swasta kayata STM Tam-tama utawa STM Ma'arif sing pérek lokasine. Ulih sekolah ngojari nang STM Negri Cilacap sing lewih kota.
Pas kelas siji-loro Sodik ulih meng sekolahan dilaju. Mangkat uput-uput numpak pit meng gili gedé,bar kue nunggang bis gutul terminal Cilacap, terus esih kudu ngangkot maning sampe prapatan sanding sekolahan. Mulane ora gumun nek Sodik sering keri ya kue. Paling pol-pole diukum kon mbeduli suket sing thukul nang ngarep ruang guru.

Mbasa munggah kelas telu, labuh samben dina les. Baline sore terus. Kepaksane Sodik njaluk ngekost. Merga wong tuane eman, karepane Sodik ya langsung baen dituruti.
Kebeneran pisan batir péreké nang kelas uga arep pindah kost2an. Jere biyung kost sing ndisit mbethithil pisan. Ngumbah gombalan ya banyune ora ulih nganggo banyu sing kang sanyo. Dipelalaih nggenjot sumur pompa ngasek lengene pating prekengkel.
Batire kue wong Gandrungmangu, desa pipir kabupaten Cilacap sing lewih érek mbi jawa barat. Jenengan asline Jamilan. Tapinen amarga nek dandan rambute ora tau keri di jengatnya kaya jengger pitik, dadine batir2e nyeluke Jambul.

Sodik karo Jambul bali sekolah mlaku mubeng2 nggoleti kost2an sing erek sekolahan tapine ora nemu. Jambul sing daya ingate mandan normal kemutan,
"Dik, mbok Tarwan karo Giyanto ngekost nang sanding alun-alun? Krungu2 esih ana kamar kosong tulih. Njajal tiliki yuh!"
"Ya ayuh gagean! Nyong wis kepanasen koh." Sodik ora sabar mlaku nyepeti meng kost2ane Tarwan. Kebeneran wis tau dolan nganah sepisan. Jambul mung geleng2 tok karo ngetutna batire sing mlakune labuh kaya wong marani dukun bayi.

Mbasa gutul kost2an, bocah loro kue ditidoki kamare, kamar mandine, bedangane,karo regane sewulan pira. Bar rembugan, akhire Sodik mbi Jambul temenan ngekost nang kono. Senajan lokasine mandan adoh kira2 500 meter kang sekolahan, tapi Sodik seneng amarga érek karo alun2 sing sering akeh tontonan dangdut utawa band.

Nek mangkat sekolah mlaku 15menit seger, itung2 karo olah raga. Tapi baline pada kaya cacing kepanasen. Srengenge sing jemether nggesengna kulit sing dasare wis geseng kang gawan bayi.

Sewijine dina pas mangkat sekolah,
"Mbul, kowe isin ora diarani ndesa gara2 samben ngomong NYANG-NYONG-NYANG-NYONG terus?" Sodik mbukak omongan.
"Jane ya isin Dik. Masa nek nang bis, samben nyong ngomong 'NYONG' langsung bocah sekolah liyane pada ndelengna nyong karo nyengir, kaya anu nyong ndesa pisan apa yah?" Jambul ulih crita mandan mrengut.
"Mulane kue, totoan yuh!"
"Seh seh seh!!! Deneng malah totoan?" Jambul bingung.
"Maksude kaya kie Mbul.. Dewek kan pada-pada pengin ngilangna omongan 'NYONG' terus blajar diganti 'AKU'. Dadi dewek totoan bae. Udu karo duit tapi karo gethakan. Sapa sing ijig2 kelalen ngomong 'NYONG', sing liyane langsung bae nggethak sirahe nggo ngemutna. Kepriwe? Setuju ora?" Sodik njelasna idene.
"Okelah kalo begitu, siapa takut? Tapi asal aja ana sing kesuh bar digethak" Jambul ora kalah semangat karo nggaya nyilakna jambule sing esih kaku ngececeng.

Bocah loro kandaan ngalor ngidul ngetan ngulon mbalik ngalor maning karo ngati-ati aja sampe keclethot ngomong 'NYONG'. Tapi dasare ilat ndesa tur tembe blajar, tetep baen Jambul keceplosen,
"NYONG minggu ngesuk ora bali Dik, arep dolan karo Mira pacarku."
'Thaaaakk..!' langsung baen tangane Sodik nggethak siraeh Jambul pas mbun-mbunan gawe jambule dadi peyang penjol.
"Lho! Deneng malah nggethak?" jambul sing ora krasa salah apa2 malah bingung, anu kelalen karo totoan mau.
"Mbok kowe miki nyebut kata 'NYONG'?" Sodik njelasna meng Jambul.
'Klathakkkk!' Jambul aweh gethakan ora kalah seru karo cekikikan.
"Deneng malah nggethak? Aku ora nyebut kata2 'NYONG' koh?" Sodik melu2 bingung.
'Cethakkkkk!!' siki gethakane Jambul digawe lirih, anu mandan melas sih.
odik wis arep emosi, tapine terus nyadari nek tembe bae omongane ana kata2 'NYONG' senajan mung penjelasan. Sidane bocah loro ketungkul jegegesan tok nuju sekolahan.
Saben dina ora mung nang sekolahan, nang ndalan, uga nang kost2an, Sidik k...aro Jambul pegaweane gethak2an. Tapi maju dina bocah loro kue labuh faseh ngucap kata 'AKU', udu 'NYONG' maning.

Mbarang wis krasa mandan ngota, pas banget ana tontonan dangdut nang alun2. Erek pisan mbi kost2an dadi Sodik karo Jambul nonton ngasi bubar. Pas arep bali sekitare jam siji esuk, cah loro kue mampir tuku fanta nang pipir alun2. Eh beja pisan ana bocah wedon loro bar nginum fanta tapi duite éketan ewu ra nana jujule. Sodik teka dadi pahlawan mbayarna sisan. Mbarang kenalan, jenenge Hani karo Agil. Terus kanda2an mandan suwe, ndilalah bocah kue sekolaeh nang SMEA Negri, jejer STM Negri persis. Umaeh uga ora adoh kang kono.
Usut punya usut (mbuh basa ngapake apa), ternyata Agil urung nduwe pacar. Beda mbi Hani sing wis due pacar, pada bae karo Jambul. Sodik sing krasa jomblo kit kloer ora nyia-nyiakna kesempatan emas kue. Njaluk nomer hapene terus nawarna njujugna bali, eh gelem. Jambul mung ngetutna karepe batire sing keton bungah pisan.

Dina ngesuk-ngesuke Sodik sering lencer menggone Agil dibatiri Jambul. Anu umaeh pérek dadi mlaku sedela be wis gutul. Mbasa wis kenal érek sekitar rong minggu, Sodik nyelang montore batire nggo ngejak Agil dolan meng Teluk Penyu.
Pas wis gutul trekdam pojok dewek nggon Areal 70, suasanane romantis pisan. Sore2 adem, angine silir, ditambah jeburan ombak sing pecah nabrak trekdam. Hmmmm... Sodik ngungkapna rasa senenge meng bocah sing disenengi kawit pertama ketemu kue. Ora nyangka langsung ditrima nang Agil. Sodik bungah pisan. Tp dinane cepet banget sore, srengenge wis arep mangslup. Kepaksane Sodik njujugna Agil bali.

Gutul kost2an Sodik cengar-cengir nemuni Jambul.
"Sukses mbul...aku bar dadian karo Agil."
"Syukur lah. Selamet ya... Makan-makane seh!" Jambul melu seneng weruh batire seneng.
"Makan2e aja siki ya.. Nggo totoan bae."
"Hah!!? Totoan? Maksudmu?" Jambul bingung.
"Maksude kaya kie. Aku kan tembe pacaran ping siji kie. Aku ra ngerti arep awet apa mung sedela. Dadi seandaine awet sampe sewulan baen be aku wis seneng banget. Nah pas sewulan kue kowe tembe tek traktir mangan opor ayam paporite dewek. Tapi angger ora nana sewulan aku putus mbi Agil, kowe kudu nraktir aku mangan opor ayam ya. Itung2 nambani lara atiku." Sodik njelasna ide gemblunge.
"Ya wis.. Deal." Jambul manggut2 karo ngaseng salaman Sodik tanda setuju.

Let sedina bar kue, kelas telu kon prei seminggu. Anu kelas siji loro agi ulangan semester. Sodik karo Jambul bali meng kampunge dewek2.
Sodik sing tembe dadian ngrasakna kangen sing nyiksa.
Nah pas mlebuan sekolah, langsung baen Sodik sore2 ngaseng Agil pit2an. Agil kon mbonceng nang tangkringan ngarep. Anu pit nyelang meng biyung kost2an ora nana boncengan mburine.

Kesel mubeng2 kota, bocah loro kue mampir mangan mi ayam sing nang warung pinggir dalan. Kejaba enak, tur regane murah meriah. Rampung mangan ngepit maning meng alun2. Bokonge Agil mlinder mbok mbonceng nangarep dadi pindah mbonceng ngadeg nang mburi.
Bocah loro kue jagongan nang ngisor wit wringin sing pas pertama ketemu mbien.
"Mas Sodik...ana sing arep tek omongna penting. Tapi aja kesuh ya." Siki Agil ngomong serius ora gurisan kaya mau.
"Apa sih? Gari ngomong baen!" Sodik penasaran.
"Wong tuaku kan wis ngerti aku due pacar. Lha nang bapakku aku ora ulih pacaran disit ngasi lulus sekolah. Dadi dewek batiran bae ya. Maaf banget."
Deg! Sodik rasane kaya ketiban klapa pas sirah. Mumet, theng-thengan. Arep kesuh tapi ora bisa. Arep ora trima tapi kudu nrima. Arep nangis tapi ora petha.

Sidane Sodik nrima keputusane Agil, terus secepete njujugna bali.
Mbarang gutul kost2an Sodik ora kuat nahan uluhe. Nangis nangarepe Jambul sing esih kebingungen batire nangis nangapa.

"Nangapa kowe dik? Kencan pertama bukane seneng malah nangis."
"Aku bar diputus nang Agil Mbul.." Sodik ngelapi uluhe.
"Hah? Masa sih?" Jambul kaget.

"Lah mbuh lah.. Ngko tek critakna nek aku wis adem" Sodik esih mangkel dadi ora gelem crita.
"Oh... Iya iya iya. Aku ngerti kepriwe gawe koe cepet adem. Mangan lontong opor yuh, tek bayari lah." Jambul ngeneng2i batire ben mandeg ulih nangi...s.

Temenan,sidane Sodik mesem...
Isin-isin gula asem, tes nangis gari mesem.

Rabu, 04 Agustus 2010

KANGGO SANG NAGA

Gedemu mung crita
Kaya awu kesapu banyu
Diemut sedawane masa
Ora nana sing weruh rupamu

Krasa disengit mesti ana
Nanging asihmu ra mikirna

Ngadeg jejeg ora obah
Pas badai teka ngrobah kabeh
Keker kaya watu karang
Ora ketang wadanan cokan gawe wirang
Banter nyebar kebajikan
Senajan ati ancur ra karuan

Sang Naga tetep Sang Naga
Rapet nanah nanging tetep bungah
Terus ngaweih tanpa njaluk pamrih

Sang Naga tetep Sang Naga
Ora duwe tangan nggo ngusap belaian
Nanging esih ajeg ngulurna bantuan

Umpetan nuju tapa
Mentu mung nambani ewonan luka
Terus ngilang kaya medi
Mbuh lungane mengendi

Baktimu Sang Naga
Mung Gusti ingkang nyekseni

Seandene ndunya kiye kebek jiwa Sang Naga
Mesti ora nana ati sing lara
Sayange mung andai
Bene andai selawase

Selasa, 27 Juli 2010

NGAMBUNG SEPISAN MALAH SALAH

"Ambung-ambungan tulih enake pol.Mulane njajal pacaran ya...Wis kaplak dengklak kaya kuwe koh.." Echi,batir raketku kit cilik nyrocos nyritakna rasane sing dijenengi ngambung.
"Asem..gawe iri tok kowe lah." nyong mung prangas-prenges ngrungokna kandane batirku pas lagi nang kisik nglakokna kaya kuwean. Ora keri mestine karo mbayangna kaya ngapa jan-jane diambung kuwe.

Nek dipikir pancen mandan ora lumrah. Ndeleng umurku sing wis 21 taun ora kena disebut enom maning.Tapi sing jenenge pacaran ora tau sepisan-pisana. Ajamaning kon ambung-ambungan, rangkulan tok be babar geblas.

"Kowe ayu koh,masa ora nduwe pacar?" kue kalimat nang layar henponku sing dikirim sekang nickname 'charley_eiz', wong lanang sing tembe tek kenal liwat Mig33,dolanan ceting nganggo henpon. Dewek tembe ijol-ijolan poto.Wong kue esih ra ngandel nek nyong ora nduwe gandengan.
"Sampean ya ngganteng koh" tek alem seanane. Pancen disawang nang poto wong kue keton duwur, resik,tur rapih,ora ngecewakna banget pokoken.

Mlirik jam sing nempel nang tembok kamar. Nunjukna jam siji esuk.Tapi ora tek gubris.Mung sepisan pindo angob nggo ngelong rasa ngantuk sing mulai kepethuk.Nyong esih bae asik mencet-mencet tombol hurup nang hapeku.

Jenengan asline Ryan,umure 23 taun.Kebeneran pisan umaeh ra adoh karo nggonku,esih se-Kecamatan, mung beda desa.Mbahas apa baen masalah sing kira-kira maen,nandakna wateke kepriwe. Mandan dewasa, ra patia ndesa, nyenengi, tapi sayang sering ngarah menange dewek tur lengus.Basa mentherenge ya tempramental mbokan.

Tilpunan,smsan, cetingan presasat ora tau lat saben ndinane.Sampe sewijine dina,Ryan njaluk ketemuan.
"Engko nyong arep dolan nggonamu, kowe nangumah mbok?" tek waca pesene pas lagi cetingan.
"Iya,gari dolan bae, nyong ra ngendi-ngendi koh." balesanku tek gawe biasa senajan asline mandan kaget.
"Ya wis,enteni baen,arep adus disit."
"Gari,sing resik ya."

Tek sambi nglamun,ora sabar ngenteni kae teka. Wis suwe kenal,akhiri siki arep ketemuan uga.
"huhhh...wonge kaya ngapa ya?" nyong nggrenyem nang ati.
Ijig-ijig kanca-kanca cetingku sing liyane pada teka ngagetna lamunanku. Pancene seneng bocah papat kue pada dolan meng umahku,tapine donganen ya aja siki, pas bareng kambi Ryan?

Nyong nemuni batir-batir kue, tek kon njagong, terus nyandingi nyamikan seanane. Tapi bar kuwe mlebu maning sedela rep tilpun Ryan, mastikena njajal sida teka apa ora.
"hai..sampean sida ngeneh mbok?" langsung baen ra ngganggo basa-basian disit.
"Iya sida seh,kiye be arep mangkat. Nangapa sih?" suarane ketone mandan semangat.
"Ora nang. Ndang ngeneh cepetan engko san nggawe ketemu mbi Awan, Sigit,May,karo Boim. Sampean wis kenal mbok nang ceting?" nyong ngaweh ngerti mbok palangapa seneng rame akeh batire.
"Hah?!! Kenangapa ana bocah-bocah kae?Nyong mbok wis ngomong nek arep ngonoh, nangapa kowe ngijina bocah-bocah kuwe teka?Ora nyenengi blas nek ana wong liya selaine dewek.Nek keluargamu tok sih ora papa,tapi menungsa-menungsa kue? Fhuhh..!!salah sijine ana sing seneng meng kowe mbox?" ora nyangka jawabane kaya kue.
"Tapine ora nana sing tek undang koh,wong pada teka dewek kepriwe maning?" suaraku tetep tek gawe alus.
"Ya wis lah,nyong tetep ngonoh.Tapi karepku bocah-bocah kue kudu lunga sedurunge nyong gutul,ato dewek ra sida ketemu." wonge malah ngancem.
"Ya kanca-kancaku ora mungkin diurak lah."
"Udu ngurak.Kowe gari njelasna apik-apik sing sebenere. Nek ngutek tulih pada bali dewek." nadane jelas banget agi kesuh.
"Tapi......"

Gleg!!!! Ijig-ijig sambungan tilpune pedhot. Urung rampung ulih ngomong malah pulsane entek. Sidane nyong mbalik maning meng mbale nemuni batir-batirku.
Senajan pikirane mbuh maringendi, senajan atine ora ayem,tapi tek gawe biasa.Nyong tetep gurisan mbi batir-batir sing wis kenal suwe nang ceting uga nang alam nyata.

Let pirang menit ana sms mlebu kang Ryan.
*aq wis nang sekitare nggonmu. Umhmu sing ndi?koe cpt metu nggili!* ana rasa kaget,nyatane Ryan esih gelem teka. Kanca-kancaku tek jorna.Nyong menyat nggoleti hapene biyunge.Mbasa ketemu terus mlayu meng nggili nyambi tilpun Ryan.Ora suwe wong kue teka numpak montor karo tangan kiwene njekel henpun. Asline ora kaya sing nang poto,tapi uga ora patia elek. Lah wis ora penting maning mikirna ngganteng orane.

Deweke langsung tek sengi mlebu. Tapi ndeleng nang njero esih ana batir-batirku, wonge ora gelem obah babar blas kang nduwur montore.
"Nangapa bocah-bocah kae esih nangkene?" ulih takon judes pisan.
"nyong ora bisa mrentah batir-batirku lunga,mending sampean mlebu bae yuh.Ora maen dideleng wong kandaan nang pinggir ndalan kaya kie." esih nyoba sabar.
"Nyong ora pengin kenalan karo bocah-bocah kae,nyong ora butuh kae.Nyong mung butuh koe tur pengen kenal kowe lewih erek. Nek kowe milih nyong, gagean prentah batir-batirmu kon bali siki.Tapi nek kowe milih batir-batirmu ya bene nyong sing tek lunga." Ryan ngomong karo mandeng mataku,ketone ngarep banget pilihanku tiba meng kae.

Tapi nyong malah meneng,ra teyeng njawab apa-apa. Sekang kono Ryan ngerti nek batir-batirku ora mungkin tek kon bali. Ryan langsung baen nyetater montore, lunga ngebut banter pisan ora ngomong apa-apa.

Kit ndisit pancen wis keton wong kue wateke lengus tur ndableg. Tapinen ora ngira nek sampe separah kie kedadeane. Biyung karo batir-batirku ndelengna baen kang njero.Sidane nyong mlebu terus crita sedingaeh tur nglembo ben ora pada kakehen takon.

Ngesuke,amerga ngrasa salah nyong nemuni Ryan nang kisik sesue penjaluke.
"Ngapurane ya wingi kudune nyong ora kaya kae.Tapi pancen mandan gawe ngungun. Ujarku ketemuan kesijine dewek arep nyenengi pisan malah dadine kaya kue." bar salaman deweke mbukak omongan.Wong loro esih njagong nang montore dewek-dewek.
"Ora papa. Kayane wektune bae sing urung pas.Ya wis,aja kanda kue lah."
sidane dewek kanda liyane. Let mandan suwe ijig-ijig Ryan wani-wanine ngomong sing ora tek sangka babar blas.
"Dewek kenal kan wis suwe.Senajan ora tau tek omongna sedurunge, kowe pesti wis ngerti nek nyong seneng banget meng kowe. Siki....nangkene, tulung ijinaken nyong ngambung kowe nggo ngungkapna rasa tresnaku." suarane alon tapi mantep.

Pestine ya ngageti banget. Mandan sue nyong meneng bae,ora ngomong sekecap-kecapa. Sampe ijig-ijig kepikiran nang utekku rasa penasaran gede sing kit gemiyen tek benaih. Jan-jane ambung-ambungan kue rasane kaya ngapa? Niat buthek mentu. Pas kue ora kepikiran apa sing jenenge cinta.

"Tapine nyong ora tau kaya kuwean." omonganku lirih,anu isin. Ryan ya keton mandan kaget ngerti bocah wis kaplak kaya ora tau ambung-ambungan.

"Ora papa,ngko tek blajari alon-alon." deweke ngeyakina nyong ben ora kagok.
"Tapine..." urung rampung omonganku, ijig-ijig jrijine Ryan temempel nang lambeku ben nyong ora kakehen ngomong.
"Ssssttt....uwis. Tenang baen" ulih mandeng mripatku tajem pisan.
"Nyong urung siap.."

Sidane Ryan maklumi. Deweke sabar nunggu karo kandaan maning nggo nylimur. Mandan sue pancen. Sampe deweke takon maning nggo mastikena.
"Apa kowe siki wis ngrasa tenang?Apa wis siap mulai?"
"emmmmm.... Kayane uwis luh." jawabanku nglemboni awake dewek. Soale sampe kapan bae kayane nyong ora bakal siap nglakokna kie.
Ora ragu-ragu Ryan alon-alon ngereki. Jantungku kaya anu banter pisan ulih deg-degan. Njajal mbuang rasa wedi sing tambah nemen tapine ora bisa. Sidane merem. Ijig-ijig krasa kaya ana daging empuk sing temempel nang lambeku. Daging kuwe urip, obah nuruti karepe sing nduwe. Esih kedorong rasa penasaran nyong meneng bae nyicipi rasane ambung-ambungan. Ryan ketone nikmati banget,tapine nyong ora. Mung anyeb sing tek rasa.

Apa kie nandakena nek ora nana rasa seneng meng Ryan? Atiku njerit.. Iya,kayane bener. Berarti perasaan sing wis suwe tek rasa udu cinta. Mulane kue sedela tok ulih ambung-ambungan langsung tek rampungi.

Wong loro pada meneng dewek-dewek karo pikirane dewek-dewek. Mbuh apa sing dipikirna Ryan. Tapi sing tek rasa pas kue mung siji. Jijih. Udu mung jijih meng apa sing tembe tek lakoni, tapi uga jijih meng awake dewek. Bisa-bisane lambeku diprawani nang wong sing ora tek senengi. Nang wong sing tembe ping pindo tek temoni. Huhftt...

"Bali yuh wis sore. Mau nyong lunga ora pamit karo biyunge,mbok biyungku nggoleti." sidane nglemboni ben gelem disengi bali. Hasile temenan, pada bali numpak montore dewek-dewek. Untung baen,nek kesuwen nang kono bisa-bisa wonge njaluk kaya kuwean maning.

Mbarang gutul ngumah malah kepikiran sing mau bae sampe ora enak madang. Tapi wis kadung kepriwe maning.

Seminggu bar kue nyong mutusna mangkat meng Penampungan, anu arep meranto meng Taiwan. Pas nang PT deweke ngubungi baen,ngalangi ben ra sida lunga. Tapine ora mungkin tek batalna niatku sing wis mantep.

"Kenangapa mung gara-gara duit kowe tega nyia-nyiakena cintaku?" kue sms kang Ryan.
"Ngapuntene ya..kie ora nana sangkutane mbi masalah duit. Tapine pancen ora nana rasa seneng nang atiku." nyong wis nulis balesan kue tapi ora sida tek kirim. Bene Ryan sengit ora papa daripada deweke lara ngati nek ngerti selama kie sikap manisku udu amarga seneng.
Sidane mung tulisan "MAAF" sing tek kirim.

Sepisan maning maaf Ryan,tek akoni kie salahku. Muga bae kowe ngemben-ngembene ulih wong sing tepat nggo awakmu. Tapi udu aku..

TAMAT



Kesimpulan sing bisa dipet:

=> Bagi wong wedon..
Napsu kue ora asal metu
Napsu kue ora sampe kegawa kelu
Napsu kue ora kabeh kena dituku.
Ana ati sing lewih nguasani.
Pancen akeh rasa penasaran sing ngrugeni.
Mula kue kudu pinter milah-milah.
Kadangan blajar kang pengalamane wong liya lewih apik tinimbang ngalami dewek...
Akhire...
Napsu karo wong sing wis di Ridhoi...
Bakalan lewih suci, lewih berkah, tur lewih bisa nikmati.
Ndean....xixixixi

Minggu, 25 Juli 2010

KATRESNANKU

Tresnaku rasa kesuwunku
Nggo wong sing gawe wani ngimpi
Senajan nyong ora wani tangi

Tresnaku rasa gumunku
Nggo wong sing mblajari mlayu
Senajan nyong ora teyeng mlaku

Tresnaku Pandongaku
Kanggo awak lan keluwargamu
Berkahe Robbi madangna dalanmu

Ibarate ngaweh teken
Bar kuwe ditinggal lunga
Nyong dewekan, rembetan, ketékéngan
Majune kangélen

Udu balesan katresnan karepanku
Mung tulung tetep nang sandingku
Bocah lemah sing njaluk dituntun dielingna
Dienyatna pas tiba

Ora usah wedi
Nyong ngerti awakmu ana sing nduweki
Wis kaplak
Ora arep anggonku ngrusak

Nyong kue sepi, wedi, prustasi
mung jalaran awak lan doronganmu
Nyong tahan sampe siki

Terakir mung siji
Pengin kowe ngerti
Tresnaku kang njero ati

Kamis, 22 Juli 2010

WEKTU

Ora krasa
Wektu terus mlaku
Ninggalna sapa baene
Sing kesirep deweke

Mubenge wis mesti
Ra nambah cepet apa maning nglindiki
Ora kepengaruh kahanan apik tur elek
nang dunya kiye

Wektu kepenak aja mundak ora eling
Pas sengsara aja banjur ngaru ara
Mburi kerine ana rahasia Gusti
Kuwe sebabe dewek kudu nggoleti

Mahami wektu sekabehane
Mblajari dewek kon maca, kon ngaca, kon ndeleng langit, kon ndengkluk, kon ngibing, kon nembang, kon nangis, kon rekasa

Kuwelah sing dijenengi urip
Ewonan hikmah njaluk dibedah