Minggu, 08 Agustus 2010

Mendem kecubung

Pas kae sore-sore nyong diprentah nyangan kacang brul kone ninine.Kacang sing arep disangan kue warnane kaya wis mateng,coklat tuwa. Dadine tek cicipi siji. Elah dalah malah tesih mentah. Rasane ya anu getir ora nggenah. Terusen tek ledekna. Bar kuwe nyonge ngikik dewek kemuatan kedadean mbien jaman esih cilik.

Dong SMP nyong nduwe kanca dolan sebrayan wedon kabeh. Nek siki ya arene geng mbokan. Se-geng bocah pitu karo nyong. Esih se-dusun dadi umaeh ora let adoh. Nyong, Yulis, Nur umaeh gonggoman kulon. Dian, Ari, Tiwi segrombol bagean tengah. Lha Susi nyingsal belah wetan dewekan.

Saben sore bali sekolah uwis langganan kumpul nanggone Dian. Biasane nonton pilem india bareng, lutisan, masak-masakan, utawa rujakan. Nek arep ngrujak bebek ndadak kiter disit njaluk pace, jambu ceplis, apa pakel meng tanggane. Dasare kabeh criwis pinter ngenyis ya anu pesti ulieh nang sing duwe umah. Terus bumbune urunan.Ana sing bagean nggawa lombok, gula jawa, trasi, bawang, kemiri, lenga jawa, gula pasir nggo pranti masak-masakan kue. Biasane pada nyolong nang bedangane biyunge.

Nang sewijine dina ana sing sejen. Bocah pitu kumpul nanggone Yulis sing umaeh let seumah tok mbi nyong. Nu rama biyunge yulis lagi ora nangumah sih dadi yulis kon tunggu umah. Nangkono ora nana sing bisa dilakokna kejaba ndopok, ngenyis, ndlepus, ndabrul, karo ngguyu lakak-lakak.

Amarga nang njero sumuk,bocahan ngaseng mentu njaba. Nang tritikan mburitan pada nglekor nang lemah mung didasari sandale dewek-dewek.
Susi ijig-ijig ndengar weruh wiji ireng sing gedene sejempol sikil.
"Kae sih apa yul?"
"Kae sing dijenengi wiji kecubung. Enak tulih. Tapi ora kena mangan akeh-akeh." Yulis sing duwe umah nidokna meng batir-batir liyane.

Nu bocah mondol kabeh ya tembe ngerti rupa kecubung. Ujar-ujare kit mbien kecubung kue jenengan kewan.
Dasare jiwa ngglasak tur rai badogan,krungu panganan enak ya langsung nggragas. Sidane kabeh menyat nggoleti genter nggo nyogrok. Wite duwure kira-kira patang meter. Gentere be dipelalaih nyelang nggone tanggane.
Kebeneran bocah pitu duwure rampag.Dian sing paling enom tapine awake paling jéger dewek kebagean kon nyogrok. Ndengar-ndengar ngasekan gulune cengeng malah kur tiba telu. Sidane digepyok segodong-godonge ben pada ambrol.
Mbarang ulih akeh, kabeh nyekel wiji siji-siji, diceti bareng, dipangan bareng. Eh,pancene enak. Rasane kaya ketapang utawa wiji mete.

Terusen ana biyunge nur teka.Weruh bocah-bocah ora ketang anake be melu mangani kecubung,wong kue ya wis ora ina ngelingna nek panganan kue mendemi.
Nur, Yulis, Susi mandeg ora mangan maning. Tapine bar biyunge Nur lunga, nyong,Tiwi,Ari,Dian nglanjutna mangan lewihane sing esih akeh. Tanggung nek ora dipangan eman-eman.

"Masa mangan kaya kie mendem? Apa ana setane gelem ngrasuki?" nyong nyemlong karo ngeplok wiji sing isine putih. Ujarku sing dijenengi mendem kue ya mong_deng_mong_thiitt - mong_deng_mong_burr kaya ebeg lagi mendem. Dadine ya tek pikir ora mungkin blass. Gumune batirku bocah telu kue ya meneng bae mangan bae.
Mbarang uwis ntek gari pada bali meng umaeh dewek-dewek.
Nangumah nyong ijig-ijig wetenge lara. Dela-dela muntah-muntah karo meng mburi baen,anu mencret. Rama biyungku bingung. Nakoni ngangapa ngantekan kaya kue. Tapine nah nyong urung sadar nek kie gara-gara mangan kecubung ya melu bingung. Sidane bar maghrib priksa meng mantri dusun sebelah. Nangkana mantrine njedek nek penyakit kue gara-gara keracunan. Pas kue nembe sadar nek nyong keracunan wiji kecubung. Owalah...berartine kie sing dijenengi mendem? Tapine tek batin tok nang ati,ora wani crita mbok domaih.

Ngesuke se-dusun geger ngerti brita kie, utamane gonggoman tengah. Soale Ari waleh meng biyunge. Terus biyunge kue kanda-kanda meng tanggane. Sidane ya gutul kupinge ramane Dian karo biyunge Tiwi.
Laaahh..uwis marem kena semprot kabeh. Nyong umaeh belah kulon mandan aman ora ketang mung sedela. Sorene mbasa biyungku ngerti ya tetep ora keri melu domaih.
"Bocah koh ora gelem ngomong nek tes mangan kecubung. Ngertia kaya kue tulih ora perlu dipriksakna!!"
Nyong ngrasa salah ya meneng bae.

Totoan Makan Tuan

Cerita ini adalah kenyataan yg difiktifkan. Jika ada kemiripan nama, tempat, maupun kejadian,itu adalah faktor kesengajaan. XixixixixXx...

Sodik, bujang umur wolulas taun sing umaeh nang Pesanggrahan, kecamatan Kroya. Mbuh amarga sok pinter apa dasare gemagus nyong ra reti, Sodik ora gelem sekolah nang sekolahan swasta kayata STM Tam-tama utawa STM Ma'arif sing pérek lokasine. Ulih sekolah ngojari nang STM Negri Cilacap sing lewih kota.
Pas kelas siji-loro Sodik ulih meng sekolahan dilaju. Mangkat uput-uput numpak pit meng gili gedé,bar kue nunggang bis gutul terminal Cilacap, terus esih kudu ngangkot maning sampe prapatan sanding sekolahan. Mulane ora gumun nek Sodik sering keri ya kue. Paling pol-pole diukum kon mbeduli suket sing thukul nang ngarep ruang guru.

Mbasa munggah kelas telu, labuh samben dina les. Baline sore terus. Kepaksane Sodik njaluk ngekost. Merga wong tuane eman, karepane Sodik ya langsung baen dituruti.
Kebeneran pisan batir péreké nang kelas uga arep pindah kost2an. Jere biyung kost sing ndisit mbethithil pisan. Ngumbah gombalan ya banyune ora ulih nganggo banyu sing kang sanyo. Dipelalaih nggenjot sumur pompa ngasek lengene pating prekengkel.
Batire kue wong Gandrungmangu, desa pipir kabupaten Cilacap sing lewih érek mbi jawa barat. Jenengan asline Jamilan. Tapinen amarga nek dandan rambute ora tau keri di jengatnya kaya jengger pitik, dadine batir2e nyeluke Jambul.

Sodik karo Jambul bali sekolah mlaku mubeng2 nggoleti kost2an sing erek sekolahan tapine ora nemu. Jambul sing daya ingate mandan normal kemutan,
"Dik, mbok Tarwan karo Giyanto ngekost nang sanding alun-alun? Krungu2 esih ana kamar kosong tulih. Njajal tiliki yuh!"
"Ya ayuh gagean! Nyong wis kepanasen koh." Sodik ora sabar mlaku nyepeti meng kost2ane Tarwan. Kebeneran wis tau dolan nganah sepisan. Jambul mung geleng2 tok karo ngetutna batire sing mlakune labuh kaya wong marani dukun bayi.

Mbasa gutul kost2an, bocah loro kue ditidoki kamare, kamar mandine, bedangane,karo regane sewulan pira. Bar rembugan, akhire Sodik mbi Jambul temenan ngekost nang kono. Senajan lokasine mandan adoh kira2 500 meter kang sekolahan, tapi Sodik seneng amarga érek karo alun2 sing sering akeh tontonan dangdut utawa band.

Nek mangkat sekolah mlaku 15menit seger, itung2 karo olah raga. Tapi baline pada kaya cacing kepanasen. Srengenge sing jemether nggesengna kulit sing dasare wis geseng kang gawan bayi.

Sewijine dina pas mangkat sekolah,
"Mbul, kowe isin ora diarani ndesa gara2 samben ngomong NYANG-NYONG-NYANG-NYONG terus?" Sodik mbukak omongan.
"Jane ya isin Dik. Masa nek nang bis, samben nyong ngomong 'NYONG' langsung bocah sekolah liyane pada ndelengna nyong karo nyengir, kaya anu nyong ndesa pisan apa yah?" Jambul ulih crita mandan mrengut.
"Mulane kue, totoan yuh!"
"Seh seh seh!!! Deneng malah totoan?" Jambul bingung.
"Maksude kaya kie Mbul.. Dewek kan pada-pada pengin ngilangna omongan 'NYONG' terus blajar diganti 'AKU'. Dadi dewek totoan bae. Udu karo duit tapi karo gethakan. Sapa sing ijig2 kelalen ngomong 'NYONG', sing liyane langsung bae nggethak sirahe nggo ngemutna. Kepriwe? Setuju ora?" Sodik njelasna idene.
"Okelah kalo begitu, siapa takut? Tapi asal aja ana sing kesuh bar digethak" Jambul ora kalah semangat karo nggaya nyilakna jambule sing esih kaku ngececeng.

Bocah loro kandaan ngalor ngidul ngetan ngulon mbalik ngalor maning karo ngati-ati aja sampe keclethot ngomong 'NYONG'. Tapi dasare ilat ndesa tur tembe blajar, tetep baen Jambul keceplosen,
"NYONG minggu ngesuk ora bali Dik, arep dolan karo Mira pacarku."
'Thaaaakk..!' langsung baen tangane Sodik nggethak siraeh Jambul pas mbun-mbunan gawe jambule dadi peyang penjol.
"Lho! Deneng malah nggethak?" jambul sing ora krasa salah apa2 malah bingung, anu kelalen karo totoan mau.
"Mbok kowe miki nyebut kata 'NYONG'?" Sodik njelasna meng Jambul.
'Klathakkkk!' Jambul aweh gethakan ora kalah seru karo cekikikan.
"Deneng malah nggethak? Aku ora nyebut kata2 'NYONG' koh?" Sodik melu2 bingung.
'Cethakkkkk!!' siki gethakane Jambul digawe lirih, anu mandan melas sih.
odik wis arep emosi, tapine terus nyadari nek tembe bae omongane ana kata2 'NYONG' senajan mung penjelasan. Sidane bocah loro ketungkul jegegesan tok nuju sekolahan.
Saben dina ora mung nang sekolahan, nang ndalan, uga nang kost2an, Sidik k...aro Jambul pegaweane gethak2an. Tapi maju dina bocah loro kue labuh faseh ngucap kata 'AKU', udu 'NYONG' maning.

Mbarang wis krasa mandan ngota, pas banget ana tontonan dangdut nang alun2. Erek pisan mbi kost2an dadi Sodik karo Jambul nonton ngasi bubar. Pas arep bali sekitare jam siji esuk, cah loro kue mampir tuku fanta nang pipir alun2. Eh beja pisan ana bocah wedon loro bar nginum fanta tapi duite éketan ewu ra nana jujule. Sodik teka dadi pahlawan mbayarna sisan. Mbarang kenalan, jenenge Hani karo Agil. Terus kanda2an mandan suwe, ndilalah bocah kue sekolaeh nang SMEA Negri, jejer STM Negri persis. Umaeh uga ora adoh kang kono.
Usut punya usut (mbuh basa ngapake apa), ternyata Agil urung nduwe pacar. Beda mbi Hani sing wis due pacar, pada bae karo Jambul. Sodik sing krasa jomblo kit kloer ora nyia-nyiakna kesempatan emas kue. Njaluk nomer hapene terus nawarna njujugna bali, eh gelem. Jambul mung ngetutna karepe batire sing keton bungah pisan.

Dina ngesuk-ngesuke Sodik sering lencer menggone Agil dibatiri Jambul. Anu umaeh pérek dadi mlaku sedela be wis gutul. Mbasa wis kenal érek sekitar rong minggu, Sodik nyelang montore batire nggo ngejak Agil dolan meng Teluk Penyu.
Pas wis gutul trekdam pojok dewek nggon Areal 70, suasanane romantis pisan. Sore2 adem, angine silir, ditambah jeburan ombak sing pecah nabrak trekdam. Hmmmm... Sodik ngungkapna rasa senenge meng bocah sing disenengi kawit pertama ketemu kue. Ora nyangka langsung ditrima nang Agil. Sodik bungah pisan. Tp dinane cepet banget sore, srengenge wis arep mangslup. Kepaksane Sodik njujugna Agil bali.

Gutul kost2an Sodik cengar-cengir nemuni Jambul.
"Sukses mbul...aku bar dadian karo Agil."
"Syukur lah. Selamet ya... Makan-makane seh!" Jambul melu seneng weruh batire seneng.
"Makan2e aja siki ya.. Nggo totoan bae."
"Hah!!? Totoan? Maksudmu?" Jambul bingung.
"Maksude kaya kie. Aku kan tembe pacaran ping siji kie. Aku ra ngerti arep awet apa mung sedela. Dadi seandaine awet sampe sewulan baen be aku wis seneng banget. Nah pas sewulan kue kowe tembe tek traktir mangan opor ayam paporite dewek. Tapi angger ora nana sewulan aku putus mbi Agil, kowe kudu nraktir aku mangan opor ayam ya. Itung2 nambani lara atiku." Sodik njelasna ide gemblunge.
"Ya wis.. Deal." Jambul manggut2 karo ngaseng salaman Sodik tanda setuju.

Let sedina bar kue, kelas telu kon prei seminggu. Anu kelas siji loro agi ulangan semester. Sodik karo Jambul bali meng kampunge dewek2.
Sodik sing tembe dadian ngrasakna kangen sing nyiksa.
Nah pas mlebuan sekolah, langsung baen Sodik sore2 ngaseng Agil pit2an. Agil kon mbonceng nang tangkringan ngarep. Anu pit nyelang meng biyung kost2an ora nana boncengan mburine.

Kesel mubeng2 kota, bocah loro kue mampir mangan mi ayam sing nang warung pinggir dalan. Kejaba enak, tur regane murah meriah. Rampung mangan ngepit maning meng alun2. Bokonge Agil mlinder mbok mbonceng nangarep dadi pindah mbonceng ngadeg nang mburi.
Bocah loro kue jagongan nang ngisor wit wringin sing pas pertama ketemu mbien.
"Mas Sodik...ana sing arep tek omongna penting. Tapi aja kesuh ya." Siki Agil ngomong serius ora gurisan kaya mau.
"Apa sih? Gari ngomong baen!" Sodik penasaran.
"Wong tuaku kan wis ngerti aku due pacar. Lha nang bapakku aku ora ulih pacaran disit ngasi lulus sekolah. Dadi dewek batiran bae ya. Maaf banget."
Deg! Sodik rasane kaya ketiban klapa pas sirah. Mumet, theng-thengan. Arep kesuh tapi ora bisa. Arep ora trima tapi kudu nrima. Arep nangis tapi ora petha.

Sidane Sodik nrima keputusane Agil, terus secepete njujugna bali.
Mbarang gutul kost2an Sodik ora kuat nahan uluhe. Nangis nangarepe Jambul sing esih kebingungen batire nangis nangapa.

"Nangapa kowe dik? Kencan pertama bukane seneng malah nangis."
"Aku bar diputus nang Agil Mbul.." Sodik ngelapi uluhe.
"Hah? Masa sih?" Jambul kaget.

"Lah mbuh lah.. Ngko tek critakna nek aku wis adem" Sodik esih mangkel dadi ora gelem crita.
"Oh... Iya iya iya. Aku ngerti kepriwe gawe koe cepet adem. Mangan lontong opor yuh, tek bayari lah." Jambul ngeneng2i batire ben mandeg ulih nangi...s.

Temenan,sidane Sodik mesem...
Isin-isin gula asem, tes nangis gari mesem.

Rabu, 04 Agustus 2010

KANGGO SANG NAGA

Gedemu mung crita
Kaya awu kesapu banyu
Diemut sedawane masa
Ora nana sing weruh rupamu

Krasa disengit mesti ana
Nanging asihmu ra mikirna

Ngadeg jejeg ora obah
Pas badai teka ngrobah kabeh
Keker kaya watu karang
Ora ketang wadanan cokan gawe wirang
Banter nyebar kebajikan
Senajan ati ancur ra karuan

Sang Naga tetep Sang Naga
Rapet nanah nanging tetep bungah
Terus ngaweih tanpa njaluk pamrih

Sang Naga tetep Sang Naga
Ora duwe tangan nggo ngusap belaian
Nanging esih ajeg ngulurna bantuan

Umpetan nuju tapa
Mentu mung nambani ewonan luka
Terus ngilang kaya medi
Mbuh lungane mengendi

Baktimu Sang Naga
Mung Gusti ingkang nyekseni

Seandene ndunya kiye kebek jiwa Sang Naga
Mesti ora nana ati sing lara
Sayange mung andai
Bene andai selawase