Minggu, 08 Agustus 2010

Mendem kecubung

Pas kae sore-sore nyong diprentah nyangan kacang brul kone ninine.Kacang sing arep disangan kue warnane kaya wis mateng,coklat tuwa. Dadine tek cicipi siji. Elah dalah malah tesih mentah. Rasane ya anu getir ora nggenah. Terusen tek ledekna. Bar kuwe nyonge ngikik dewek kemuatan kedadean mbien jaman esih cilik.

Dong SMP nyong nduwe kanca dolan sebrayan wedon kabeh. Nek siki ya arene geng mbokan. Se-geng bocah pitu karo nyong. Esih se-dusun dadi umaeh ora let adoh. Nyong, Yulis, Nur umaeh gonggoman kulon. Dian, Ari, Tiwi segrombol bagean tengah. Lha Susi nyingsal belah wetan dewekan.

Saben sore bali sekolah uwis langganan kumpul nanggone Dian. Biasane nonton pilem india bareng, lutisan, masak-masakan, utawa rujakan. Nek arep ngrujak bebek ndadak kiter disit njaluk pace, jambu ceplis, apa pakel meng tanggane. Dasare kabeh criwis pinter ngenyis ya anu pesti ulieh nang sing duwe umah. Terus bumbune urunan.Ana sing bagean nggawa lombok, gula jawa, trasi, bawang, kemiri, lenga jawa, gula pasir nggo pranti masak-masakan kue. Biasane pada nyolong nang bedangane biyunge.

Nang sewijine dina ana sing sejen. Bocah pitu kumpul nanggone Yulis sing umaeh let seumah tok mbi nyong. Nu rama biyunge yulis lagi ora nangumah sih dadi yulis kon tunggu umah. Nangkono ora nana sing bisa dilakokna kejaba ndopok, ngenyis, ndlepus, ndabrul, karo ngguyu lakak-lakak.

Amarga nang njero sumuk,bocahan ngaseng mentu njaba. Nang tritikan mburitan pada nglekor nang lemah mung didasari sandale dewek-dewek.
Susi ijig-ijig ndengar weruh wiji ireng sing gedene sejempol sikil.
"Kae sih apa yul?"
"Kae sing dijenengi wiji kecubung. Enak tulih. Tapi ora kena mangan akeh-akeh." Yulis sing duwe umah nidokna meng batir-batir liyane.

Nu bocah mondol kabeh ya tembe ngerti rupa kecubung. Ujar-ujare kit mbien kecubung kue jenengan kewan.
Dasare jiwa ngglasak tur rai badogan,krungu panganan enak ya langsung nggragas. Sidane kabeh menyat nggoleti genter nggo nyogrok. Wite duwure kira-kira patang meter. Gentere be dipelalaih nyelang nggone tanggane.
Kebeneran bocah pitu duwure rampag.Dian sing paling enom tapine awake paling jéger dewek kebagean kon nyogrok. Ndengar-ndengar ngasekan gulune cengeng malah kur tiba telu. Sidane digepyok segodong-godonge ben pada ambrol.
Mbarang ulih akeh, kabeh nyekel wiji siji-siji, diceti bareng, dipangan bareng. Eh,pancene enak. Rasane kaya ketapang utawa wiji mete.

Terusen ana biyunge nur teka.Weruh bocah-bocah ora ketang anake be melu mangani kecubung,wong kue ya wis ora ina ngelingna nek panganan kue mendemi.
Nur, Yulis, Susi mandeg ora mangan maning. Tapine bar biyunge Nur lunga, nyong,Tiwi,Ari,Dian nglanjutna mangan lewihane sing esih akeh. Tanggung nek ora dipangan eman-eman.

"Masa mangan kaya kie mendem? Apa ana setane gelem ngrasuki?" nyong nyemlong karo ngeplok wiji sing isine putih. Ujarku sing dijenengi mendem kue ya mong_deng_mong_thiitt - mong_deng_mong_burr kaya ebeg lagi mendem. Dadine ya tek pikir ora mungkin blass. Gumune batirku bocah telu kue ya meneng bae mangan bae.
Mbarang uwis ntek gari pada bali meng umaeh dewek-dewek.
Nangumah nyong ijig-ijig wetenge lara. Dela-dela muntah-muntah karo meng mburi baen,anu mencret. Rama biyungku bingung. Nakoni ngangapa ngantekan kaya kue. Tapine nah nyong urung sadar nek kie gara-gara mangan kecubung ya melu bingung. Sidane bar maghrib priksa meng mantri dusun sebelah. Nangkana mantrine njedek nek penyakit kue gara-gara keracunan. Pas kue nembe sadar nek nyong keracunan wiji kecubung. Owalah...berartine kie sing dijenengi mendem? Tapine tek batin tok nang ati,ora wani crita mbok domaih.

Ngesuke se-dusun geger ngerti brita kie, utamane gonggoman tengah. Soale Ari waleh meng biyunge. Terus biyunge kue kanda-kanda meng tanggane. Sidane ya gutul kupinge ramane Dian karo biyunge Tiwi.
Laaahh..uwis marem kena semprot kabeh. Nyong umaeh belah kulon mandan aman ora ketang mung sedela. Sorene mbasa biyungku ngerti ya tetep ora keri melu domaih.
"Bocah koh ora gelem ngomong nek tes mangan kecubung. Ngertia kaya kue tulih ora perlu dipriksakna!!"
Nyong ngrasa salah ya meneng bae.

4 komentar:

  1. ngesuk mendem bareng inyong baen nenk.... ebeg ebegan dewek.

    BalasHapus
  2. hehehe...mendem ayam bakar baen lah

    BalasHapus
  3. Yu Gonenk, Sarminem kepriwe carane inyong bisa ngontak rika ya?

    BalasHapus