Jumat, 22 April 2011

Adol Jere

Wis suwe, kupu-kupu kae ora kepatek nang kene
Lakon sing lewih kepenak mabur ngalor
Ndean wis nemu gantine

Mbuh kepriwe deweke precaya sing mung jere
Njuran ana kembang ngawe-awe karo lambe
Duh Gusti, ora salah nek awak kon dijorake
Amarga kae kepencut mung nang njabane

Klesam-klesem nyong gari nyawang segara
Sing jere gawe tentrem ati sing kuciwa
Ora ana ora liya kowe tek pikirna
Senajan lara ora kena diilangna
Kejaba tresna kang rumangsa


Adiraja, 23 April 2011
03.21 esuk njeput