Rabu, 04 Agustus 2010

KANGGO SANG NAGA

Gedemu mung crita
Kaya awu kesapu banyu
Diemut sedawane masa
Ora nana sing weruh rupamu

Krasa disengit mesti ana
Nanging asihmu ra mikirna

Ngadeg jejeg ora obah
Pas badai teka ngrobah kabeh
Keker kaya watu karang
Ora ketang wadanan cokan gawe wirang
Banter nyebar kebajikan
Senajan ati ancur ra karuan

Sang Naga tetep Sang Naga
Rapet nanah nanging tetep bungah
Terus ngaweih tanpa njaluk pamrih

Sang Naga tetep Sang Naga
Ora duwe tangan nggo ngusap belaian
Nanging esih ajeg ngulurna bantuan

Umpetan nuju tapa
Mentu mung nambani ewonan luka
Terus ngilang kaya medi
Mbuh lungane mengendi

Baktimu Sang Naga
Mung Gusti ingkang nyekseni

Seandene ndunya kiye kebek jiwa Sang Naga
Mesti ora nana ati sing lara
Sayange mung andai
Bene andai selawase

7 komentar:

  1. nagane wani ora nglawan cicak bin buaya..?

    BalasHapus
  2. d waca bola bali esih ra mudeng baen koh...!!1 hemm

    BalasHapus
  3. Nagane gue naga apa sih kang http://suropeji.com

    BalasHapus
  4. Hah... kiye ababku mambu naga, miki bar nenggak lekir segendule...

    BalasHapus
  5. blog sing nduwe ra tau ngurus ya kaya kiye

    BalasHapus
  6. Ngapuntene kakang mbakyu.. Sing due blog ra teyeng nulis komen nganggo hape

    BalasHapus