Kamis, 22 Juli 2010

WEKTU

Ora krasa
Wektu terus mlaku
Ninggalna sapa baene
Sing kesirep deweke

Mubenge wis mesti
Ra nambah cepet apa maning nglindiki
Ora kepengaruh kahanan apik tur elek
nang dunya kiye

Wektu kepenak aja mundak ora eling
Pas sengsara aja banjur ngaru ara
Mburi kerine ana rahasia Gusti
Kuwe sebabe dewek kudu nggoleti

Mahami wektu sekabehane
Mblajari dewek kon maca, kon ngaca, kon ndeleng langit, kon ndengkluk, kon ngibing, kon nembang, kon nangis, kon rekasa

Kuwelah sing dijenengi urip
Ewonan hikmah njaluk dibedah

9 komentar:

  1. urip mbok mung mampir ngombe, ora sempet ngaca apa maning ngibing ebeg ebegan,,,,,

    BalasHapus
  2. ngombene soju ya ra kober ngaca, paling mendem

    BalasHapus
  3. karepe begya ning wegah rekasa...

    BalasHapus
  4. hihihihi kang santo nusul koh.... senengane ngintil.

    BalasHapus
  5. Hihi...buntute akeh kue wong. Nanggone vie sing nginthil kang adi.

    Kang gering: pada baen mbi nyonge

    BalasHapus
  6. Kang rawin otek-otek ora ngerti apa yah?
    Soju mbox jamune wong korea?

    BalasHapus
  7. kang santo kuwe tanggane rika tuli adiraja..

    BalasHapus
  8. Wektu
    Ora bisa balik maning
    Bisane mung dikenang
    Nggo sangu nang masa depan.

    BalasHapus